Babagan Wayang


wayang iku ewoning kagunganjawa kang wis ngembrah di ngerteni ing ngakeh, luwih-luwih ing kalanganing bebrayan jawa.
warna-warnaning wayang.
  1. wayang purwa wayang sing di gawe saka lulang. biasane njupuk lakon mahabarata lan ramayana. wayang iku wiwit ana kira-kira taun 903.
  2. wayang wong wayang sing paragane wong . biasane njupuk lakonsaka mahabarata lan ramayana.
  3. wayang golek wayang sing di gawe saka kayu, wujude boneka, di sandhangi rerenggan wayang. biasanejupuk lakon amir hamzah utawa Umar Maya. wayang iku wiwit ana kira-kira abad ka-19.
  4. wayang krucil wayang sing di gawe saka kayu, wangune gepeng. biasane jupuk lakon damar wulan.
  5. wayang beber wayang sing wujude gambar sing di jereng lan di beber. dhalang nyritakake isine gambar. biasane njupuk lakon panji. wayang iku wiwit ana kira-kira taun 1564.
  6. wayang kancil wayang sing paragane kewan kabeh. jupuk lakon dongneg kancil. wayangiku wiwit ana kira-kira taun 1830.
  7. wayang dapura wayang dapura iku digawe saka kult. nggambarake crita saka kraton demak nganti tekan surakarta. wiwit ana ing taun1830.
  8. wayang adam makrifat wayang sing nyritakake kawruh tasawuf. wayang iku wiwit ana ing taun 1940.
  9. wayang gedhog wayang sing di gawe saka kulit. njupuk crita panji. wayang iku wiwit ana ing taun 1563.
  1. wayang pancasila wayang sing di gawe saka kulit. njupuk lakon bab pengalaman pancasila. wayang iku wiwit ana ing taun 1940.
  2. wayang wahyuwayang sing di gawe saka kulit. njupuk lakon saka kitab injil.wiwit ana kira-kira taun 1963.
  3. wayang jawa wayang sing digawe saka kulit. njupuk lakon bab perjuangane pangeran diponegoro. wayangiku wiwit ana ing taun 1940.
  4. wayang perjuangan wayang sing di gawe sak kulit. njupuk lakon njupuk lakon bab perjuangane bangsa indonesia. wiwit ana kira-kira 1943.

            wayang purwa uga diarani wayang kulit. Babone crita wayang purwa iku serat Mahabarata lan serat Ramayana. Serat Mahabarata kaanggit dening pujangga wiyasa, dene serat Ramayana kaanggit dening pujangga walmiki. Crita kaloro mau asale saka india. Nalika crita kasebut mlebu ing tanah jawa, para pujangga lan para winasis jawa ngolah lan njarwakake sarta kajumbuhake karo pangarsa. Serat Ramayana diolah lan dijarwakake nganggo basa jawa kuna. Dene sing njarwakake ora kesemuran sapa.     
Tag : materi
0 Komentar untuk "Babagan Wayang "

Back To Top