Sasmitaning Tembang

Kajaba saka paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune, tembang macapat uga bisa katitik saka tembung-tembung kang dadi sasmitaning tembang kang baku. Dene dununge iku ora mesthi. Ana kang manggon ing gatra wiwitan, manggon ing gatro pungkasan lsp. Sasmitaning tembang ana ing ngisor iki.
a)      Maskumambang          : makumambang, kembang, timbul, kantir mas kentir.
b)      Pocung                        : pocung, cung, kluwak, wohing kluwak.
c)      Mijil                             : mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, rarasati, medal, sulastri, wedar, wurya.
d)     Kinanthi                      : kinanthi, kanthi, gandheng.
e)      Asmaradana                : asmaradana, asmara,brangta, kingkin, dana, kasmaran, brangti, sengsem, undur, mundur, dur, sirna, galak.
f)       Pangkur                       : pangkur, wuntat, pangkur, yudakenangka, ungkur, wuri, kur.
g)      Sinom                          : sinom, taruna, anom, weni, sri nata, pamse, logondhang, rema, pangrawit, mudha, nom, ron kamal, weni, njani putra.
h)      Dhandhanggula           : surkara, hartati, dhandhang, dhandhang gula, madu, sari, manis, bremana, guladrawa, gagak, kaga, tresna.
i)        Megatruh                     : megatruh dudukwuluh, pegat, wuluh, luh, truh.
j)        Gambuh                      : gambuh, buh, jumbuh, kambuh, tambuh. 
Tag : materi, tembang
1 Komentar untuk "Sasmitaning Tembang "

Back To Top