Crah Agawe Bubrah Rukun Agawe sentosa

Carang canthel.
Tegese :ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.
Car-cor kaya kurang janganan.
Tegese :ngomong ceplas-ceplos tanpa dipikir disik.
Cathok gawel.
Tegese :seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman.
Cebol nggayuh lintang.
Tegese :duwe kekarepan kang mokal bakal kelakon.
Cecak nguntal empyak.
Tegese :gegayuhan kang ora imbang karo kekuatane.
Cedhak celeng boloten.
Tegese :cedhak karo wong ala bakal ala.
Cedhak kebo gupak.
Tegese : cedhak karo won gala bakal katot ala.
Cangkir ketindihan kiring.
Tegese :nedya omah-omah kepeksa durung bisa, merga sedulur tuwane durung omah-omah.
Cikal atopas limar.
Tegese :tekane kebegjan kang mokal.
Cincing-cincing meksa klebus.
Tegese :karepe ngirit nanging malah entek akeh.
Ciri wanci lelai ginawa mati.
Tegese :pakulinan ala kang ora bisa ilang nganti mati.
Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa.
Tegese :padudon njalari ringkih, rukun njalari kuat.
Criwis cawis.
Tegese :sugih omong nanging mrantasi dhewe.
Cuplak andheng-andheng, ora pernah panggonane bakal disingkirake.

Tegese :wong kang njalari ala becike disingkirake.
sumber: kawruh sapala basa,Endang Dwi Lestari
Tag : materi, paribasan
0 Komentar untuk "Crah Agawe Bubrah Rukun Agawe sentosa"

Back To Top