Merga Weton

Merga Weton
Dening : Rofiatun Indah Fitriati


Sing jenenge kauripan kuwi kebak pitakon lan pratanda. Wong jawa nalika urip nduweni kaunikan yakuwi bisa ngerti pratanda saka sing jenenge weweton. Kayadene ngendikane Bapakku marang bakal calone Mbakyuku kang kaya mengkene, “Nang bocah wadon kuwi akeh, merga wetonmu karo anakku ora cocok bakale tiba paten njur aku ora wani nerak, Nang.” Ngendikane Bapak sing tak sekseni pancen bener. Nalika Mbakyuku ngeyel njur nikah anake lagi umur sedhina wis kapundhut marang sing gawe kauripan, banjur ndue anak maneh sing ke-2 ya padha wae lagi ngandut 4 sasi ndelalah keguguran. Apa ya bener merga weweton kuwi pancen nyata? Pikiranku kebak pitakon. Ah durung wancine aku gubris masalah mengkono. Dumandakan anggonku ngelamun buyar nalika ana pria kang bagus rupane teka ana kosku. 

“Dhik, ndang tata-tata, ayo dak ajak melancong.”
“Oh iya Mas, enteni sedelok!”


Sawise siap aku mangkat diboncengna gawa motor. Rong jam kapungkur anggone perjalanan wis tekan ning panggonan sing dituju. Kelap-kelip lampu kang madhangi jagading donya bisa tak dheleng ing Wengi kuwi. Angine sumribit, hawane adem nembus balung. Aku diajak marang pepujaning atiku menyang Gedong Songo saperlu nyengkuyung adicara pungkasaning taun lan bisa ngrasakke Taun Barunan ning njaba. Ning cedhak api unggun, anggonku lenggah jejeran karo kangmasku Abi sinambi rungokake cah nom-nom sing nembang karo gitaran ing cedhakku. Aku karo mas Abi padha gegojegan, jejagongan kaya wong kang lagi nandhang kasmaran.
“Dhik, yen mengko kangmas ninggalno awakmu ora merga bocah wadon liya lan ora merga lumunturing tresna, kepriye wangsulanmu, Dhik?”
“Lho ora ana udan ora ana angin kok sampeyan takon sing kaya mengkono to kangmas?” (Dumandakan kaget olehku mangsuli.) 
“Wangsulano dhisik pitakonku, Dhik!”
“Yen ta Gusti Allah nakdirke awake dhewe ora jejodhonan, Aku orapapa Mas .” (Wangsulanku karo mesem, merga aku ngerti yen Mas Abi tansah guyon lan mbedo Aku.)”
“Oh mengkono to, Dhik.” (Padha wae mesem, nanging ngempet apa sing arep diandharake merga ora kuwawa olehe arep ngomong.)
Doorr… doorrrr…. dooorrrr… unine mercon Gathotkaca sumegrak ana langit. Wektu iku pas jam 00.01 WIB, sawanganku njenggelak ana langit nyawang perang mercon Gathotkaca sing disumet bebarengan. Suwara terompet ndadeake wengi kuwi saya rame. Atiku jan ora karuan bungahe, lagi sepisan bisa ngrasakna Taun Barunan ning njaba, apa maneh karo wong sing daktresnani. Aku jingkrak-jingkrak kaya kidang buronan, mbengok banter karo ngucap,
“Aku tresna marang Sliramu Mas Abi.”
Keluke mercon Gathotkaca wis padha medhun lan sumingkir. Aku ya melu medhun saka pucuking gedong 9 mau. Tibane awake dadi kesel lan ngantuk, arep neruske perjalanan mulih kos kok kayane adoh tenan. Mas Abi menggok ning panginepan pinggir dalan, motore dijagrakke ana njaba banjur ngajak aku bomah ning panginepan kuwi saperlu istirahat. Jan-jane aku emoh, nanging piye maneh wong niate apik, mesakna yen perjalanan adoh awake wis kesel,kademen, lan ngantuk, mengko nak ana apa-apa ning dalan, yowis Aku yo manut wae. 
Makglegat aku kaget marang apa sing arep dilakoni Mas Abi. Dumandakan Mas Abi kaya wong kesurupan barongan kae. Mancal kemul, klambi katok dicopoti kabeh. Aku dipekso kon blejen, nanging aku ora gelem. Atiku mak tratap, wedine ora karuan. Polahku ora bisa obah, aku dikekep sakkencenge. Sikilku mancal-mancal supaya bisa ucul seka kekepan mau. Untung aku bisa ucul saka kekepan mau banjur aku ngadoh saka Mas Abi, aku manggon ana pojokan paturon karo ngringik-ngringik pipiku kebak eluh. Mas Abi ora tegel ndhelengna aku nangis. Ndang gage-gage mas Abi njaluk ngapura menyang aku lan kandha yen apa sing dilakoni kuwi khilaf. Mas Abi keblinger niat elek pengen ora pedhot karo Aku kanthi cara metengi Aku dhisik, merga kuwating imanku, perkara mau ora kebacut lan bisa dicegah.
Ora suwe banjur baskara jumedhul, sunare cumlorot nembus candhela kamar panginepan sing dak anggo mampir turu. Aku lan Mas Abi siap-siap arep mulih. Sawise wis siap ora langsung gek ndang mangkat. Mas Abi ngajak jejagongan sedelok, nanging tak sawang matane kebak pitakon. Kaya ana perkara sing arep diandharake. Ah paling kuwi nggur awanganku wae.
“Dhik, aku arep ngandharake perkara apa sing dadi gegayutane karo awake dhewe.”
“Perkara apa ta Mas? Mbok ya nak ana apa-apa kandhaa karo aku. Ben awake dhewe padha ngertine.”
“Yo pancen bener kandhamu Dhik, nanging pancen durung wancine aku ngomong merga aku wedi yen wingi aku wis kebacut ngomong mengko ndak dadi pikirmu, wingi rak yo awakmu isih UAS, banjur mengko ganggu sinaumu ora bisa fokus.”
“Lho memang perkara apa ta Mas? Kayane kok gawe ruweting atimu.”
“Aja dadi gelaning atimu yo Dhik. Awake dhewe jebule ora cocok merga Bapak ngendikane mengkono, nalika mbiyen aku dikon nakonke wetonmu. Saking tenananne Bapak ngitung wewetone awake dhewe apa sing bakal kadadeyan yen ta awake dhewe mbesuk nikah, jebule mati besan, Dhik. Lha kepiye? Awake dhewe arep nerak lan neruske hubungane  apa bubaran wae? 
(Ora kuwawa nalika krungu andharan saka Mas Abi dumandakan mili eluh tumetes nelesi pipi) “Saktenane Aku ora percaya marang perkara sing kaya mengkono Mas, senajan ta Bapakku wis tau ngendikan marang bakal calonne Mbakyuku, nanging kenapa malah saikine awake dhewe sing wetone ora cocok. Aku ora bakal murka, lan mengko bakal dadi kuwalatku yen mentingke hubungane awake dhewe ananging wong tuane dhewe salah siji ana sing tinggal merga dhewe neruske mbesuk nikah.”
“Yen mengkono awake dhewe dadi kakang adhi wae yo Dhik, senajan tresnaku marang sliramu ora bisa luntur.”
(mung bisa ngangguk, karo eluhku mili ora mandhek-mandhek)
Tangane Mas Abi ngusapi pipiku sing kebak eluh, banjur ngunu  Aku disikep. Niate arep nglegakna atiku. 
“Wis Dhik aja sedih, senajan awake dhewe kakang adhi nanging apa sing dak lakoni kaya biasane ora bakal owah, tetep Aku menehi kabar, menehi semangat kanggo awakmu lan Aku yo bakal dolan ning kosmu saperlu nileki awakmu.” (Omongan saka Mas Abi)
 Atiku lega sabanjure Mas Abi ngomong kaya mengkono. Sing awite kaya-kaya megane peteng ndedet. Nanging mega mendhung bubar  katerak angin owah dadi cumlorote sunar saka esemanku sing pahit madu. Aku percaya yen ta Gusti Allah bakal maringi dalan sing luwih becik lan nduweni kawigatan kang endah.
Wanci wis radha Awan, Mas Abi njupuk motor ning ngarep panginepan mau banjur ngeterna Aku mulih. Aku ora diterna ning kos nanging langsung diterna ning omahku. Sawise tekan ngomah ana Bapak, Ibu, Mbakyuku lan Kangmasku kang padha kumpul ning ruang tamu. Aku lan Mas Abi uga melu sesrawungan, ora let suwe Mas Abi pamit mulih. Ing kono aku lenggah jejer Bapakku lan Bapakku ngendikan.
“Nduk, paling sok awakmu dipek cah mau.”
“Nanging wetone mboten cocok, Pak.”
“Emang wetonmu karo wetone wonge apa?”
“Minggu Kliwon kaliyan Minggu Wage.”
“Orapapa Nduk, nak Minggu Wage karo Pahing yo ora oleh.”
Ngendikane bapakku mau dadi wangsulan saka pitakonku lan dadi pangrestune hubunganku. Sumringah bungahe atiku. Ana kamar klebatan aku nelpon Mas Abi ngabari pranyatan kasebut. Jebule Mas Abi sawise mulih saka ngomahku mampir dhisik, ya padha wae mesthikake ning wong pinter utawa wong sing mudheng babagan wewetonan yakuwi Paklek saka adhine Bapake. Banjur Mas Abi nyritakna marang Aku. Eh pranyatan tiba paten kuwi bener ananging bab sing kaya mengkono nak dhewe ora percaya ya ora dadi patokan, senajan ta percaya nanging ana bab sing bisa ngatasi perkara mau ora bakal kadadeyan, yakuwi gawa adat sing wis pernah dilakoni simbah-simbah kae. Nyembelih pithik ireng, ngeki sesajen pas nglangsungake nikahan, ora kena nabrak jam sing wis dituduhake marang paklike mau pas sasrahan uga ora intuk nglakoni apa sing dadi larangane yen gelem ora tiba paten, mengkono ngendhikane Paklike marang Mas Abi. Wangsulan kuwi cukup gawe Aku lan Mas Abi bungah, merga kekarepan mbesuk arep ngomah-omah bareng ora mung ning awang-awang. Sanalika aku sujud angucap syukur dhumateng Gusti nganti saiki apa sing daksuwun wis dituruti. Yen mbesuk bisa sesandingan marang pria pepujaning ati kang bagus rupane uga atine, setia ngenteni anggonku rampung kuliyah nganti 4 taun suwene. Wewetonku ora dadi bubrahe kasetyanku. 




 
  
 


Tag : cerkak, weton
0 Komentar untuk "Merga Weton"

Back To Top