Dongeng

DONGENG

Dongeng yaiku crita ngayawara kang mokal kelakone. Dongeng ana pirang-pirang jenis.

A. Fabel

Fabel yaiku dongeng sing dadi jejering lakon arupa kewan nanging adat tata carane kaya dene manungsa.

Tuladha:
Serat Kancil tanpa Sekar (Ki Padmosusastra)
Dongeng Sato Kewan (Priyana Winduwinata)
Dongeng Peksi Glathik ( Ki Yasawidagda)

Legenda/Legende
Legenda yaiku dongeng kang gegayutan karo dumadine alam kang critane mung digathuk-gathuukake.
Tuladha: Dongeng Rawa Pening, Guwa Parangtritis, Dongeng Kali Srayu.

C. Mithe/ Mithos
Mithe yaiku dongeng kaprecayan jaman kuna kang gegayutan karo dewa-dewa.
Tuladha: Dongeng Dumadine Grahana, Dongeng Nyai Rara Kidul, Dongeng Macan Gadhungan, Dongeng Dumadine Jagad.

D. Dongeng Lugu
Dongeng lugu yaiku dongeng isi critane kang aneh, ora tinemu nalar, sing diperloake anehe crita.
Tuladha: Dongeng Jaka Kendhil, Dongeng Timun Emas, Dongeng Cindhe Laras lan Dongeng Mbok Randha ing Karang Wulan.

E. Sage
Sage yaiku dongeng kang awewaton sejarah, nanging akeh tambahane.
Tuladha: Dongeng Rara Jonggrang lang Dongeng Candhi Sewu.

Sumber: CAKRAWALA” Buku Bahasa Jawa Kelas IX
Tag : dongeng, materi
0 Komentar untuk "Dongeng "

Back To Top