Geguritan

Aja Dumeh

Aja dumeh
Ginaris dadi wong sugih
Kebrukan bandha kang linuwih
Nanging owel ale paweweh, Marang pepadha kang nandhang ngelih
                Aja dumeh
                Ginaris dadi wong pinter
                Kenugrahan pikiran kang kaya komputer
                Ananging malah keblinger, seneng nerak angger angger
Aja dumeh
Ginaris dadi wong bejo
Tanpa rekasa urip mulya
Malah lali karo kuwasa. Nganti nglirwakake kewajibaning agama
                Hee para sedulurku
                Urip mung sepisan kui aja dumeh
                Urip ning donya iki kabeh padha tetulung,
                Aja kok malah sakarepe dhewe
Ayo padha rukun urip ning donya iki
Amarga rukun kui agawe santosa
Ayo padha lantut tali wanda
Nyawiji majuake nagara.
0 Komentar untuk "Geguritan "

Back To Top