Geguritan Aja Mung Lamis

Aja Mung Lamis

Aja nagnti katone kagungan agama
Ananging tumindhake ora bener
Amarga sajak kasar lan ngasag
Gobras garbres nabrak wewaler

Dadi boneg, bandha nekad
Saben dinane mung nggenjot hawa nepsu lan syahwat
Kudune manungsa nduweni tata krama,
Andhap asor, lemah manah

Khusyuk tawakal sregep nibadah sesanti agama ageming ati
Ngadekake rasa lan jiwa
Luber katresnan, kebak iman lan taqwa
Minangka cahya prabawa kang nggawe padhang sumunar

Urp manungsa ing alam donya kanthi lumitu. Lestari salawase
0 Komentar untuk "Geguritan Aja Mung Lamis"

Back To Top