Geguritan IBU


Ibu...
Sliramu kadya candra ingkang suminar ana ing tengah wengi
Sliramu kadya lintang gumantung ing plataran langit
Sliram lir surya ingkang tansah jumundul ing sisih purwa
Esemu kaya dene widadari ingkang ketingal ayu.

Ibu...
Katresnan sejati kangge putra-putrinipun panjenengan
Sanajan asring nglarani panggalihmu
Sabarmu ingkang ageng satuhu
Ngantos toten nate netesaken iluh wonten ing ngajeng dalem.

Ibu...
Kathh sanget ingkang badhe kula aturaken
Ananging kulisin badhe ngaturaken.
Kula wedos manawi sliramu netesaken iluh

Ibu...
Maturnuwun sampun nepangaken kula kliyan werniniupun donya
Maturnuwun sampun mucalaken kula artosipun kasabaran
Kawula namung saged ngajeng-ajeng mugia saged maringi ingkang napa ibu pengeti
Kawula nyuwun pangapunten awit sakng asring andamel kuciwa
Mugi ibu tansah diparingi kasarasan dhumateng Gusti ingkang maha Kuwasa

Menika serat kangge wanita ingkang kula sebat “Ibu”.

0 Komentar untuk "Geguritan IBU"

Back To Top