Geguritan Kebul Kang Marakake Sesek Ing Dada

Kebul Kang Marakake Sesek Ing Dada

Dhuh gusti.
Pacoba apa maneh kang arep dak adhepi
Gusti ngapurana awaku iki,awak kang kebak dosa
Awak kang anane mung ngangkluh.

Dhuh gusti.
Kebul ki kang anggawe seseking dada
Kang gawe wong liya padha lara,
Kang gawe bocah cilik padha mati ora kuwat nahan kebul iki

Kebul iki digawe kang tujuwane kanggo
Senenging wong kang nduwe dhuwit
Wong kang ora ngerti apa panyebab sawise dheweke bakar alas
Wong kang ora ngerti bakal kaya ngene.

Dhuh gusti.
Ngapurana wong sing bakar alas kui
Ngapurana wong kang lali dosa iki
Muga muga gusti kang maha kuwasa ngapurani wong iki

Amin.
0 Komentar untuk "Geguritan Kebul Kang Marakake Sesek Ing Dada"

Back To Top