Geguritan

Pacobaning Urip

Prasasat barang kang rusak
Kaya barang kang gumlethak
Sapa kang lumaku bakal ngidak
Tanpa rasa eman lan sumanah
                Urip tansah lunthang-lunthung
                Pikiran ruwet lan bingung
                Tanpa pagawean kag jlunthrung
                Wira-wiri kaya wong bumbung
Apa iki arane cobaan urip
Kabeh kang tak lakoni
Ora kaya kekarepaning ati
Ngelmu dhuwur tanpa migunani
Kepengen ngabdi ora ana kang marsudi
                Aku mung bisa ngelus dada
                Mrebes mili numetesing waspa
                Kanggo ngedalake panguda rasa
                Pupus wujudake gegayuhan mulya
Dhuh gusti...
Nyuwun pangapunten ingkang kathah
Menawi kula tansah ngressah
Nanung setunggal panyuwun kula
Paringana kekuatan lan kesabaran
Ngadhepi sakabehing pacoban ing donya iki,
0 Komentar untuk "Geguritan "

Back To Top