Masjid Agung Demak

CANDRANE MASJID AGUNG DEMAK
Awake gedhe blegug gagah prakasa. Wangunan katon tuwa gaweane wali sanga ing satengaing kutha. Braja ngliwat masjid kanthi gawe netra adem njekut. Sisih kiwa lan tengen ana padasan genthong mawa pancuran kanggo wudhu. Ing serambi panggonan bedhug ndhrandhang, nalika wayah sholat swarane kaya mbelah-mbelahke bumi. Nduweni cagak papat kang dawa kole-kole cagak siji kagawe saka saka tatal.

Alun-alun kang amba ngilak-ngilak mubeng seser, rame gumuruh akeh wong padha mlaku-mlaku. Sesandhingane ana menara kang duwur mencit, kaya othak-othak mega. Mburina ana makam sultan fatah kang resik gumrining, rame gumuruh padha sowan ana ing makam sultan fatah. Sesandhinge makam ana Madrasah Tsanawiyah NU akeh bocah kang ngangsu kawruh.  
Tag : Demak, Masjid, Nyandra
0 Komentar untuk "Masjid Agung Demak"

Back To Top