Sutradara Kethoprak

Darno sutradara kethoprak 
Sutradara kang nduweni jeneng Darno iki mujudake pagelaran ana ing pati yaiku kethoprak siswo budoyo. Darno lair ing Pati wonorejo tlogowungu 21 desember 1959. Ngenani kethoprak Darno latian wiwit taun 1976 nganti saiki, olehe dadi sutradara ing siswo budoyo wiwit taun 1982. Kethoprak wis dadi gaweane Darno ora ana sampingan utawa kerjanan liyane, nanging Darno isa nyekolahke anake nganti sarjana. Darno sutrada nanging ya dadi pemain kethoprak ana ing siswo budoyo, pemain kethoprak kuwi carane langsung utawa spontanitas tanpa ana latian, enthuk paraga ya langsung paling dikabari sejam sedurung pagelaran diwiwiti. Pagelaran kethoprak siswo budoyo pas pagelaran diwiwiti isa wae ana alangan, alangane biasane udan isa uga sound sisteme ora isa muni lan sakpanunggalane.
Kethoprak yaiku salah sijine jinis pagelaran kang asale saka Jawa. Jroning pagelaran kethoprak, sandiwara kang diselingi tembang-tembang Jawa kanthi iringan gamelan kasuguhake. Lumrahe, crita kang diangkat jroning pagelaran kethoprak ana maneka warna jinise. Ana sing dijupuk saka crita sujarah Jawa, legenda, utawa saka crita manca nagara. Salah sewiji grup kethoprak papan dhuwur kang wektu iki isik setia nganaake pagelaran yaiku “Siswo Budayo“ saka desa Growong Lor kecamatan Juana kabupaten Pati. Kethoprak iki isa nyenengna masyarakat lan nguri –uri budaya jawa khususe masyarakat pati.
Darno wis 24 taun suwene dadi sutradara ana ing kethoprak siswo budoyo. Ora mung ana ing jawa tengah pagelaran kethoprak siswo budoyo uga kerep manggung pentas ana ing Jawa Timur nganti ing Jakarta. Sakliyane nguri- uri kesenian tradisional supaya ora ilang dipangan jaman para seniman uga melu- melu nguri- uri budaya.
Senadyan kethoprak siswo budoyo iki saka pati nanging pemaine ora saka pati kabeh nanging  uga ana seniman sing saka purwodadi, solo, klaten jawa tengah, kutha ngawi, bojonegoro, lan uga tulung agung jawa timur. Para pemain kuwi biasane sing wis handal saka daerahe dhewe –dhewe nanging ora ana ajang utawa grup sing nerima. Pemain iki biasane nduweni ktrampilan kang bisa gawe penonton seneng nganti sing nonton ngenteni kepengen ndelok kaya ta paraga sinetron utawa film. Ana ing kethoprak siswo budoyo iki akeh seniman sing handal kang nggabung, pas tanggapan rame para seniman ora bisa mulih kampung merga jadwale padet. Ana ing wulan apit grup siswo budoyo sesasi kebak ora tau lowong saperlu sedekah bumi, sedekah laut ana ing pati dhewe karo ning daerah liyane. Kaya wulan- wulan liya kaya ta agustus uga akeh tanggapan nek di itung isa manggung ping 150.
Kethoprak siswo budoyo ana 150 cerita kang di pentasna. Lakon utawa cerita kuwi bisa awujud babad utawa cerita rakyat kang di gawe saka buku- buku sing ana, sakliyane kuwi ana cerita kang dijupuk saka ceritane wong jaman biyen kang di gawe cerita anyar terus di pentasna ana ing panggung, nanging ben pagelaran kuwi ora njelehi cerita kuwi di gawesing apik bisa uga sing lucu ben penonton ora bosen, kaya ta nambahi tarian- tarian, dagela, lan uga tembang- tembang saiki kaya ta dhangdutan lan campur sari. Ing pagelaran ceritane sing milih sing naggap yen sing nanggap manut ya sing nentukna sutradara.
Senadyan kesenian tradisional, kethoprak siswo budoyo isa gawe masyarakat seneng ing pagelarane di wenehi seni modern kaya ta misike sakliyane gamelan ana organ, drum lan sakpanunggalane. Cerita sing ditampilna uga bisa narik perhatian penonton saka wong tuwa lan wong nom uga ana bocah cilik. Kaya ta ngaggo adegan romantis sing gemeske, adegan perang sing gawe deg- degan, lan uga adegan dagelan sing gawe guyu. Merga kuwi akeh sing nonton merga padha seneng lan akeh hiburane. Kethoprak dadi salah sijine sing nyuguhake lakon cerita babagan kauripan lan sejarah manungsa.
Tuladha cerita kethoprak contoh naskah ketoprak bahasa jawa Ing jaman biyen, wonten satunggal kerajaan ingkang kasebut kerajaan Ngastinapura. Raja punika nggadahi sifat serakah lan sa’geleme dewe. Ananging raja kagungan putra ingkang bagus ati lan rupane. Baguse raono tandingane. Salah sawijining dino hulubalang kerajaan nariki pajak dateng para rakyate. Arepo kepeksa kabeh bisa bayar, kajaba Kunti. Rakyat miskin ingkang sampun boten anggadahi bapa biyung, amargi sampun seda. Kunti iku yo ra maido ayune, mlinir kaya eseme wulan yen lagi terang wulan. Amargi boten saget bayar pajak kunti digowo menyang kerajaan didadosaken pembantu.Wonten ing kamar, Raja Aiswara lan Raden Airlangga lagi padha rerembugan.
Raja     :  “Putraku, kapan kowe golekke ramamu iki mantu?”
Raden  :  “nyuwun ngapunten Rama, kula dereng nemokaken ingkang mathuk kalian atikula.”
Raja     :  “Ramamu iki wes tua ngger, kepengenku, kowe ngganti aku kui wes duwe bojo
Raden  :  “Sendika dawuh Rama”
Raja     :  “ananging, aku kepengen sik padha-padha saka kerajaan”
Banjur ngunu kui Kunti teko gawa baki isi Poci.
Kunti    :  “Mangga Raden, mangga gusti. Nuwun sewu.”
Raja     :  “yayaya, gek balio kono. Putraku, pikirno opo sik tak omongke marang kowe mau.”(lungo)
Raden Airlangga wis ra gatekake menapa titahipun rama. Raden sampun kepencut kalian bocah ayu lan mlinir mau, kunti. Sak jroning ati,
Raden pengen ngerti sapa ta bocah wadon kae mau. Banjur Raden nekani adikke wonten ing taman kerajaan
Raden    :  “duh adikku ingkang ayu dewe”!
Inten      :  “wonten menapa ta kangmas?”
Raden    : “reneo dik, aku meh takok marang sliramu”
Inten     : “bab menapa kang?”
Raden   : “kowe ngerti ora bocah wadon ingkang dadi babu anyar kerajaan kae, sek ayu tur mlinir.”
Inten   : “o. . .Kunti maksutipun kakang?lha nggeh dereng dangu kok kangmas. Jalaranipun Kunti menika boten saget bayar pajak bar
menika Kunti sampun boten gadah Bapa biyung.”
Raden    : “o . . .dadi bocah kae jenenge Kunti”.
Rino wengi Raden Airlangga ora bisa turu amargi kepikiran Kunti.bocah wado ingkang saget gawe kasmaran si Raden. (raden nyanyi) “yen ing tawang ana lintang cah ayu Rungokno tangising ati Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas Tresnaku sundul wiyati.

Kaya ngono kuwi tuladha cerita kethoprak, dhewe kaum muda kudu bisa nguri-uri budaya jawa, aja nganthi budaya kuwi ilang utawa di jupuk negara liyane. Dhewe wong jawa kudu seneng nduweni kabudayan kaya kethoprak. Muga- muga seniman kethoprak tambah akeh lan ora mung kuwi wae. 
0 Komentar untuk "Sutradara Kethoprak "

Back To Top