Geguritan Banjir Maneh

Banjir Maneh

Udan maneh, banjir maneh
Nggawa bebendhu lan kasangsaran
Marang wong cilik kang ajeg dadi sasaran
Tangise para kawula kaya dadi langganan

                Udah maneh, banjir maneh
                Kaya-kaya bangsa iki wonge padha ora gelem sinau
                Panyekel panguasa ing nagara iki
                Uga ora gelem ngilo jaman, yen kabeh mau
                Amarga linambar kasrakahaning dheweke

Para manungsa kang ora duwe kamanungsan
Njarag alas, negor wit-witan
Mateni panguripan
Nenggal wisa an prakasa sing njalari kasagsaran
               
Hee para panguasa
                Apa kowe ora melas karo liyan
                Marang wong cilik kang mesthi dadi saasarane kowe padha
                Bukaken atimu isih ana wong cilik kang sengsara
                Mandega kowe anggone njarag alas

Kabeh kui yo padha butuh panguripan
0 Komentar untuk "Geguritan Banjir Maneh "

Back To Top