Gurit Piweling

Gurit Piweling

Wus wiwit iki, patenana TV kuwi
Saben wengi anane kok mung ngelar sinetron
Racak critane kabeh mung apus krana kebah lamis
Kamangka kudune kowe ngerti
Paragane ki ora kena kanggo tuladha
                Wus, wiwit saiki patenana Tvmu
                Apa paedahe ngetutake gosipe para artis.
                Kang tansah ngumbar alem jeneg lamis
                Kabeh kuwi mung ngedohake awakmu marang kasunyatan urip.
Wus patenana Tvmu
Ayo padha nyimak budhaya kang luhur iki
Kang kabeh tansah kebak pitutur,
Pitutur marang bebrayan, marang Kuwasa.
0 Komentar untuk "Gurit Piweling"

Back To Top